Jumat, 12 Agustus 2011

Gugon Tuhon

Gugon Tuhon

Gugon = sipat utawa wewatakan sing gampang banget nggugu marang guneme wong utawa dedongengan.
Tuhon = sifat utawa wewatakan sing gampang mituhu manut marang guneme wong utawa dedongengan. Dai gugon tuhon iku watak kang gampang banget nggugu lan manut guneme wong utawa dedongengan sing maune ora perlu digugu amarga ora ana bukti nyatane.
                Mung bae ature Pak Cipto Adi pinangka pangimpun cathethan iki, nyumanggakaken  marang para siswa. “Pracaya mangga maido kena”. Manut wong-wong sing nggugu marang gugon tuhon mratelakake yen ora nggugu marang gugon tuhon bakal nemu bebendu utawa sesiku, kayata:
a. Dadi memangsane Bathara Kala.
b. Bisa sangsara panguripane.
c. Bisa anake entek mati.
d. Bisa ora kedawa umure.
                Kanggo nebus kaluputane kudu disranani nanggap wayang lakon “Murwa Kala”, slametan kanggo ngilangi bebendu iku diarani “Mruwat”. Dene sing klebu gugon tuhon ana warna loro, yaiku:
A. Wasita Sinandhi
B. Bocah Sukerta

Katerangan:

A.        Wasita Sinandhi
Wasita Sinandhi tegese pitutur kang sinamun ora dilahirake kanthi satemene. Padatan liyane gugon tuhon kang awujud Wasita Sinandhi iki diarani “Aradan”, lumrahe malah dikantheni tembung “ora ilok” kang satemene “ora becik”.
Tuladha:
1.       Gawe omah tanpa tutup keyong.
2.       Wong nugelake gandhik, lan nggempalake pipisan.
3.       Ngrubuhake dandang.
4.       Omah sing lawange lan butulane terusan.
5.       Seneng kudhung kukusan.
6.       Mangan lungguh pipen lawang.
7.       Mbuwang tuma.
8.       Ngandhut lungguh tampah.
9.       Sumur ing ngajengan.
10.   Seneng lungguh ing bantal.
11.   Wong mangan karo turon.
12.   Ngidoni genthong utawa sumur.
13.   Menehi dijaluk bali, mundhak bali gondhok.
14.   Nguyuh karo ngadeg, apa maneh wanita.
15.   Wanita lungguh jegang.


B.        Bocah Sukerta
Kang diarani Bocah Sukerta yaiku bocah kang manut kapercayan, bisane slamet lan urip kudu diruwat, lan ditanggapake wayang lakon Murwakala. Bocah Sukerta iku lamun wis diruwat wis ora klebu memangsane Bathara Kala, satemah bisa lestari uripe.

Bocah utawa anak sing klebu sukerta:
1.         Bocah ontang-anting                                            =    Bocah lanang siji tanpa tunggal.
2.         Bocah unting-unting                                             =    Bocah wadon siji tanpa tunggal.
3.         Bocah uger-uger lawang                                      =    Bocah lanang loro kakang adhi.
4.         Bocah kembang sepasang                                   =    Bocah wadon loro kakang adhi.
5.         Bocah cukil dulit                                                  =    Bocah wadon telu kakang adhi.
6.         Bocah gotong mayit                                             =    Bocah lanang telu kakang adhi.
7.         Bocah saka panggung                                          =    Bocah lanang papat kakang adhi.
8.         Bocah sarimpi                                                      =    Bocah wadon papat kakang adhi.
9.         Bocah pandhawa                                                 =    Bocah lanang lima kakang adhi.
10.      Bocah panca gati                                                 =    Bocah wadon lima kakang adhi.
11.      Bocah kendhana kendhini                                    =    Bocah loro lanang wadon kakang adhi.
12.      Bocah sendhang kapit pancuran                       =    Bocah telu lanang, wadon, lanang, kakang adhi.
13.      Bocah pancuran kapit sendhang                       =    Bocah telu lanange ana tengah, kakang adhi.
14.      Bocah kembar                                                     =    Bocah kang lahir bareng.
15.      Bocah gondhang kasih                                        =    Bocah kembar ireng lan bule/pakulitane beda.
16.      Bocah dhampit                                                     =    Bocah kembar lanang wadon.
17.      Bocah kerandha                                                   =    Bocah kembar nunggal bungkus.
18.      Bocah bungkus                                                    =    Bocah lahir sabungkuse.
19.      Bocah tawang gantungan                                      =    Bocah kembar lahire ganti dina.
20.      Bocah ipil-ipil                                                       =    Bocah lima, siji wadon papat lanang.
21.      Bocah pondangan                                                 =    Bocah lima, siji lanang papat wadon.
22.      Bocah margana                                                     =    Bocah lahir ing tengah dalan.
23.      Bocah jempina                                                      =    Bocah lahir durung ganep sasine.
24.      Bocah gilir kacang                                                 =    Bocah lahit urut lanang lan wadon.
25.      Bocah julung caplok                                              =    Bocah lahir bareng surup surya.
26.      Bocah julung kembang                                          =    Bocah lahir bareng pletheking surya.
27.      Bocah julung sungsang                                           =    Bocah lahir beneri tengah awan.
28.      Bocah sumala                                                        =    Bocah cacat wiwit lahir.
29.      Bocah wahana                                                      =    Bocah lahir bareng ana keramean.
30.      Bocah wuyungan                                                   =    Bocah lahir bareng kesripahan.

Kagunan Basa

Kawruh Kagunan Basa
1.            Tembung Saroja
                Tembung Saroja ateges tembung loro utawa luwih sing meh padha tegese dirangkep dadi siji, nduweni teges mbangetake.
Tuladha:
a. Sanak sedulur
b. Guyup rukun
c. tandang grayang
d. was sumelang
e. lara lapa
2.            Yogyaswara
Yogya = becik. Yogya Swara = swara sing becik.
Tembung Yogyaswara ateges tembung loro sing dirangkep dadi siji sing ngarep tiba swara “a” sing mburi tiba swara “i”, nduweni teges lanang wadon.
Tuladha:
a. dewa-dewi
b. pemudha-pemudhi
c. hapsara-hapsari
d. widadara-widadari
e. yaksa-yaksi
3.            Tembung Garba
Tembung Garba utawa Sandhi. Yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging nganggo ngurangi cacahing wanda. Wanda = suku kata (Bahasa Indonesia).
Tuladha:
a. prapta + ing = prapteng
b. iya + iku = yeku
c. nara + pati = narpati
d. raja + endra = rajendra
e. parama + iswari = prameswari
4.            Tembung Plutan
Tembung Plutan tegese tembung sing diringkes cacahing wanda supaya luwih sathithik. Upamane tembung para bisa diringkes utawa dipluta dadi “pra”, dene tegese ora owah.
Tuladha:
a. serat dipluta dadi srat.
b. suwara dipluta dadi swara.
c. weruh dipluta dadi wruh.
d. sarana dipluta dadi srana.
e. sari dipluta dadi sri.

5.            Kerata Basa
Uga diarani jarwa dhosok. Kerata tegese udhar utawa ngudhari. Kerata basa tegese tetembungan sing diudhari utawa dipirit, nanging dadi mathuk karo kekarepane.
Tuladha:
a. wedang = gawe kadang.
b. brekat = mak brek diangkat.
c. kodhok = teka-teka ndhodhok.
d. kupluk = kaku tur cempluk.
e. guru = digugu ditiru.
6.            Rura Basa
Rura tegese rusak utawa salah. Rura basa tegese basa sing wis rusak utawa luput, nanging yen dibenerake dadi saya salah. Mula rura basa uga diarani basa sing salah kaprah.
Upamane:    tembung nguleg sambel iku ora bener. Benere nguleg lombok, trasi, uyah, tomat, moto, lan sapiturute. Nanging yen dibenerake kaya ing ndhuwur iku malah bisa digeguyu dening wong akeh.
Tuladha liyane:
a. nunggoni pitik
b. ngenam kepang
c. nggodhog wedang
d. adang sega
e. menek jeruk

Rabu, 03 Agustus 2011

Wangsalan


Wangsalan

Wangsalan yaiku unen-unen sabangsane cangkriman, nanging batangane wis disebutake pisan sanajan ora cetha banget.
Tuladha :
1.         Njanur gunung, kadingaren wis tekan kene.
            Janur gunung = aren (kadingaren)
2.         Jenang gula, kowe aja lali.
            Jenang gula = glali (lali)
3.         Kembang jambu, kemaruk mburu gebyaring donya.
            Kembang jambu = karuk (kemaruk)

Setitekna ukara kang ngemu wangsalan ing ngisor iki, nuli jlentrehna batangane !
1.         Yen mangkono aku njenang tela, mathuk karo panemumu.
2.         Kahanane wis ngrama gareng, nyamari temen.
3.         Esuk-esuk kok wis nyemar sabrang, legog-legog ana ing kono, apa kagelan?
4.         Mbalung geni ta, mbok menawa gelem mrene maneh.
5.         Kowe kuwi ora usah nempe legi, manuta bae ora ndadak macem-macem.
6.         Roning mlinjo, Mas, sampun sayah kula nyuwun ngaso.
7.         Lho, Sardi kae kok dadi mesjid cina, pethenthang-pethentheng, hara coba takonana ana apa!
8.         Nerong alit, nganti cengklungen anggonku nganti-anti.
9.         Kowe kuwi aja seneng ngedom kreteg, ngaku-aku duweke liyan ngono kuwi!
10.     Darmin sajak ngethek ireng, murung tenan.
11.     Yen ana ing Jakarta aja njenang gula lho Dhik, lali karo aku.
12.     Bocah cilik aja seneng ngrokok cendhak, neges-neges rembuge wong tuwa.
13.     Bocah loro kuwi awit mau mbebek alit, wira-wiri ana ing kono, mengko gek duwe karep ala.
14.     Sanadyan wis telat kowe aja njur nggayung sumur, kemba ati.
15.     Mbalung janur, kowe sida mangkat apa ora?