Rabu, 27 Juli 2011

Pamedhar Sabda


PAMEDHAR SABDA

Tujuan utawi Ancasipun Medhar Sabda
            Tujuan utawi ancasipun tiyang medhar menika adhakanipun anggadhahi pangajab 3 (tigang) prekawis, inggih menika :
1.      Paring (nyaosi) andharan saha pangertosan dhumateng tiyang sanes ingkang sami rawuh saha midhangetaken.
2.      Paring (nyaosi) andharan ingkang ngremenaken ingkang sami midhangetaken, jalaran basanipun katingal edi lan endah kanthi ngginakaken unggah-ungguh basa Jawi.
3.      Kangge miluta pemanggihipun tiyang sanes sasampunipun kersa midhangetaken, ingkang salajengipun kersa mituhu lan pitados kaliyan wosipun andharan ingkang kababar utawi kaaturaken.
4.      Paring (nyaosi) andharan utawi pangertosan dhumateng tiyang kanthi lelewaning basa ingkang sae, ngremenaken, saha sekeca dipunmidhangetaken, tuwin kepengin amiluta pemanggihipun tiyang sanes ingkang sami midhangetaken.

Patrap Salebetipun Medhar Sabda
1.      Sarira Ingkang Kirang Mranani (sikap)
Tiyang menawi nembe medhar sabda utawi pidhato, prayoginipun nilar sedaya patrap utawi lageyan ingkang mboten saee, inggih menika jumeneng kanthi :
a.         Lelembaran setunggal suku
b.         Suku sakelangkung rapet utawi mekar
c.         Loyo/mboten wonten semangat
d.        Kirang imbang utawi ndhoyong
e.         Lelendhehan papan wicara
f.          Kaku, kados priyantun badhe baris
g.         Mboten nggatosaken tamu
h.         Cepengan cagak mike
2.      Ewah-ewahan Pasuryan ingkang Kirang Mranani (ekspresi wajah)
a.         Gumujeng ingkang dipundamel-damel
b.         Asring mesem ingkang kadamel-damel, saengga katingal cengengesan
c.         Tansah mbesengut
d.        Tansah tumungkul utawi tumenga
e.         gugup
3.      Ewah-ewahaning Sarira ingkang Mboten Mranani (gerak isyarat)
a.         Asring mbanda tangan
b.         Asring kukur-kukur, ngukur talingan utawi bathuk, lan sanesipun
c.         Asring mirsani cathetan
d.        Asring nyekel mike, nyobi mike kanthi dipunsebul
e.         Asta wonten saalebetipun sak (clana, jas)
Supados para pamiyarsa anggenipun midhangetakeen wedharan saged remen, jenjem, kita kedah anggatosaken bab-bab ingkang sae, kadosta,
1.      Penggalih dipunsarehaken rumiyin, supados suwanten mboten kapireng ndhredheg.
2.      Menawi nandha pejah utawi gesangipun mike sampun ngantos dipunsebul, cekap mike dipuncepeng asta tengen sarta dipunkethuk alon.
3.      Ngagem basa ingkang alus, nanging mboten perlu ingkang muluk-muluk, supados gampil dipuntampi/dipunsuraos ingkang sami midhangetaken.
4.      Pangandikan mboten perlu muter-muter, ingkang cekak, nanging saged anyakup ingkang dipunkajengaken.
5.      Wiramanipun wicara ingkang cetha sarta kajumbuhaken kaliyan kawontenan.
6.      Tutuk sampun celak-celak sanget kaliyan mike (ngokop), mindhak nuwuhaken suwanten kumresek (gangsal nyari).
7.      Suwanten mboten perlu sora-sora, ingkang cekapan nanging wijang.

Cak-cakan Saha Sangunipun Medhar Sabda
            Medhar sabda menika padamelan kanthi kridhaning lesan, pramila caranipun kkedah migatosaken pangolahing swara amrih leres miwah laras, kedalipun, ucapan saha lagunipun. Pramila dipunudi supados saged sae boten wonten saru siku. Salebetipun medhar sabda menika  kedah kawawas saha kajumbuhaken kaliyan: (a) sinten ingkang medhar sabda, (b) sinten ingkang tumanggap, (c) sinten utawi menapa ingkang kawedhar, (d) kados pundit swasananipun (wekdal, papan, kawontenan), (e) menapa esthinipun medhar sabda.

Senin, 25 Juli 2011

Unggah-ungguh Basa

Unggah-ungguh Basa (Tembung Ngoko, Tembung Krama lan Tembung Krama Alus,klik disini ...)

Minggu, 24 Juli 2011

Wacan Jawa

Ayo kanca padha gladhen maca wacan aksara Jawa

Jinising Tembung


Jinising Tembung

1.   Tembung aran (kata benda)
Yaiku jenenge sekabehing apa bae  kang dianggep barang.
Tuladha: pari, Solo, Haryadi, sapi, Merapi, meja, lsp.
2.   Tembung kriya (kata kerja)
      Yaiku sakabehing tembung sing mratelakake solah bawa utawa tandang gawe.
      Tuladha: nangis, mlaku, turu, lunga, ditulis, ngguyu, mulih, lsp.
3.   Tembung kaanan
Yaiku sakabehing tembung kang mratelakake kaanane utawa watake (sifat) barang.
Tuladha: abang, cilik, kuru, lemu, panas, adhem, lega, sesak, resik, reged, lsp.
4.   Tembung katrangan
Yaiku sakabehing tembung kang mratelakake katrangan marang tembung kriya, utawa tembung saliyane tembung aran.
Tuladha:a.  asune mlayu banter.
              b.  mangane alon-alon.
Tembung katrangan liyane: mau, ingkang, kana, mengko, tau, mesthi, lsp.
5.   Tembung sesulih
Yaiku sakabehing tembung kang kanggo nyulihi utawa ngganti jeneng barang utawa wong supaya ora bola-bali nyebut jenenge barang utawa wong mau.
Tembung sesulih bias kaperang dadi telung werna:
a.    Tembung sesulih wong kapisan (aku, ingsun, kula, abdi dalem, lsp.)
b.    Tembung sesulih wong kapindho (dheweke, kowe, sampeyan, sliramu, lsp.)
c.    Tembung sesulih wong katelu (dheweke, panjenengane, iku, kuwi, apa, sapa, ku, mu, lsp.)
6.   Tembung wilangan
Tuladha: siji, loro, seprapat, kapisan, kapindho, sepira, lsp.
7.   Tembung ancer-ancer
Yaiku sakabehing tembung kang dianggo nggandheng tembung lan tembang ing sajroning ukara.
Tuladha:
a.  Bapak tindak menyang Semarang.
b.  Sjita saiki manggon ing Ngadireja.
Tuladha liyane: saka, ing, karo, tumrap, marang, kanthi, saha, lsp.
8.   Tembung panggandheng
Yaiku sakabehing tembung kang nyambung ukara siji lan sijine ing ukara rangkep utawa ukara majemuk.
Tuladha:
a.  Bapak lagi maos Koran, dene Ibu ndondomi klambi.
b.  Adhine pinter, nanging kangmase bodho banget.
c.  Lagi bae adhine mati, malah kangmase lara banget.
d.  Sabubare ngaso sapisan, banjur bocah-bocah padha mulih.
e.  Sutinah iku ayu, mulane akeh wong kang seneng.
Tuladha liyane: sarta, lan, kajaba, jalaran, sabab, marga, awit, lsp.
9.   Tembung panyeru
Yaiku tembung kang nggambarake wedharing rasa seneng, rasa kaget, rasa kuciwa, rasa gumun, lsp.
Tuladha: adhuh, ah, eh, lho, nah, wah, lha, kok, hus, lsp.
10. Tembung panyilah
Yaiku tembung sing dianggo nyilahake patrap, barang, bab, utawa liyane (kata sandang).
Tuladha:
a.       Ingkang rama ngasta wonten pundi Mbak?
b.      Para tamu katuran jumeneng sawetawis.
c.       Si Suta lan si Soma mlaku bebarengan.
d.      Sri Sultan misuwur kabecikane.
e.       Sang Prabu nembe semedi.

Kamis, 21 Juli 2011

Cerita Wayang


PRABU JANAKA


            Prabu Janaka narendra ing Negara Mantili (sadurunge kuwi aran Manthila). Negarane subur, tandhane tanem tuwuh ndadi, uga tentrem ayem. Kajen keringan sesamining Ratu, awit sang Nata mahambeg berbudi bawaleksana, tansah anetepi pangandikan. Diceritakake yen Negara Mantili murah sandhang pangan. Kawula cilik paadha sregep nyambut gawe ana tegal sawah, ana kang mandhe lan undhagi, mula tan ana kang nganggur, pakaryane padhet dilakoni kanthi sregep lan manteb. Dene para Narapraja wiwit saka mantra Muka, mantra Bupati nganti tekan Wedana padha sengkul nggone ngayahi kuwajibane, ora jalaran pinarentah nanging wus mangerti marang wajibe dhewe-dhewe.
            Kacarita Sang Prabu kagungan putra sawiji kekasih Dewi Sinta. Endahing warnane tan prabeda lan widadari ing Kahyangan Kaindran, Dewi Supraba. Akeh para satriya lan para Narendra mudha kang  padha ngersakake bakal nggarwa Sang Dewi, nanging Sang Prabu Janaka isih durung bisa nampa panglamare para satriya lan Narendra mudha mau, jalaran Sang Dewi isih durung kersa nanggapi. Mula sawetara banjur kandheg panglamare.
            Kacarita ing alas Dhandhaka, padhepokane para pandhita lan para tapa lagi ana pasamuan. Padha ngalembana marang Rama, sajroning diminta sraya supaya ngayomi para tapa saka panyeranging yaksa Ngalengka lan wis kasil bisa mbrasta pinituwaning raseksa kang padha laku cidra. Para pangarsaning pandhita mau ngendika mangkene, “E, Ramabadra, kang banget gedhe nugrahane. Sawise mari sesaji lan muja semadi, kawistara yen sira kang gawe waluyaning para tapa ing wewengkon Dhandhaka. Amarga saka ananira, jagad iki prasasat suwarga, ora beda yen jagad iki tinunggon dening Bathara Sacipati (kakunge Dewi Saci iku Bathara Indra). Sira iku panjalmane Bathara Wisnu, Jawata kang banget sura sekti mandraguna.
            Biyen nalika sira manjanma kang luwih dhisik, Asura Bali sira sirnakake. Ksirarnawa ya Samodra Puhan sira ublak nganti metu Amertane, janggane Asurahu pedhot amarga sira tibani Cakra. Asuraja kang awujud Wraha (celeng) sira prajaya, bumi ambles sira unggahake. Samengko piyarsakana, aku nedya nyaritakake Prabu Janaka. Miturut warta kang dak rungu, Prabu Janaka Ratu ing Mantili nedya nganakake sayembara Dewi Sinta, putrane putri kang isih Kenya nedya dipalakramakake. Nanging ora sarana tinuku mas kawin rajabrana utawa kedhaton. Saupama Dewi Sinta kena tinuku nganggo rajabrana, sanajan diregani Trilokaraja, krajan ing jagad tetelu, ora larang kanggo nuku Sang Dewi. Kang dadi pelenging panggalihe mung kepengin winengku priya kinawasa, kang sura sekti mandraguna, luhur ing budi lan lepas pasang graitane, tur tedhaking ngawirya.

                                                            Ki Nayantaka, Panjebar Semangat … tahun 2006 kaca 55

Cerkak


TIWIK ALIYAS PRATIWI

            Untung lagi wae mulih saka Malaysia. Wis sepuluh taun kepara luwih dheweke dadi TKI (Tenaga Kerja Indonesia) ing luar negeri. Ngadhepi bakda taun iki, untung diidini mudik dening pimpinan perusahaane. Untung mulih numpak Garuda.
            Saiki dheweke sregep banget, malik grembyang kaya-kaya aweh sasmita yen ngunduri tuwa. Ora kaya isih sekolah biyen, saiki saben esuk Untung nyapu latar. Sabena wan, Untung ora tau lali ngarit. Yen srengenge semburat kuning methukake magrib, dheweke gelem ngrewangi nunggu warunge ibune. Jaman nganggur biyen, saben dina Untung kandhang langit kemul mega, ora tau neng omah. Saiki, durung bedhug Isak dheweke wis ana ngomah.
            Nalika ibune, Untung jaga warung ijen. Dheweke prigel lan sumeh anggone ngladheni sing padha tuku. Kala-kala nyritakake pengalamane ana ing Malaysia.
            Wektu kuwi Untung lagi crita karo Tono, kancane SMP mbiyen.
            “Nuwun …,” aloke sawijining Kenya, “Oom, … tumbas Rinso!”
            Weruh Kenya kuwi, Untung dadi kaku kaya patung. Atine Untung keder. Batine ngambra-ambra Untung nyawang tanpa kedhep. Dheweke kesengsem banget. Nanging sing disawang ora rumangsa.
            “Kla nuwun …,” aloke Kenya mau maneh.
            Tono njawil pundhake Untung. Untung rada njenggirat, banjur mlebu warung. Saka njero warung Untung mbatin dhewe. Ana peragawati ing warunge. Jaan, ana putri, kok, ayune ora ilok. Busananne sopan ning modis. Dandan prasaja wae wis ketara ayune, waah … yen dandan ana ing salon kecantikan mengko saya …
            “Kula nuwun …,” Kenya iku celathu rada seru, “Oom, onten Rinso?”
            “Eh …,” Untung ora age-age mangsuli, isih kamitenggengen nyawang ana putri sing ayu rupane ana ing ngarep warunge.
            “Ingkang alit, nggih, Oom …!” Kenya mau nyambung omongan.
            “Oh …, nggih, nggih, … nggih …,” semaure Untung rada gragapan.
            “Nek boten onten, Soklin nggih purun,” guneme Kenya mau.
            Untung manthuk-manthuk. Ck, ck, ck …, batine Untung gumun ora jamak.
            “Onten, ta?” Kenya mau takon karo mesem.
            Untung saya keder atine weruh esem sing pait madu saka gadis ayu pisan. Untung ngranggeh tanpa nliiti sing dijupuk. Dheweke ora ngreti yen njupuk Blue Band 500 gram.
            “Tiwi? Kapan mulih, Wik?” Tono takon marang Kenya mau.
            “Lagi we, Mas. Arep  ngummbahi sik …,” Kenya mau semaur, “Ngiras arep adus sisan.”
            “We, lha, mahasiswi, kok, ngumbahi, ta? Kene, tkgarapake. Etungane manut Untung, “Tono nggleges nyedhaki Tiwi, “Pira Tung, ngumbahake klambi siji?”
            “Hm …? “Untung ora semaur. Tangane ngatungake Blue Band.
            “Tung? Ditakoni ket mau, kok, mung ah-eh, ah-eh we, ki, ngapa, ta?” Tono mlengak, “Ora semaur …, gek lehe ngedoli we …, ya, kliru!”
            “Eh? “Untung gragapan.
            “Oom, niku Blue Band. Kula tumbas Rinso mawon, “Tiwi mesem karo nudhing rak mburine Untung, “Nika, ta, Oom, … onten ngandhap!”
            “Anu, Dhik …, “Untung adhem panas, banjur kukur-kukur rambut, “Njenengan …?”
            “Wiiis …, gek jupukna Rinsone kuwi, Tung. Ndhak sing tuku gela,” celathune Tono.
            “Ampun …,” Untung semaur karo njupuk Soklin, “… bakul pocokan, kok, dipoyoki, ta, Ton.”
            “Kok, Soklin, ta Oom?” Tiwi mlengeh.
            Untung kaget, “Eh, kliru neh, ya?”
            “Kowe ki ngapa, ta, Tung?” Tono gumun nyawang Untung grogi.
            “Ning ra pa-pa dhing. Padha wae. Rinso ki ka tembung rin lan so, sangat cemerlang. …, Soklin seka so lan clean, sangat bersih,” Tiwi grenengan dhewe, “Mung ana siji loro sing duwe teges khusus, lha kok didoli Blie Band.”
            “Wis, kene, takjupukke! Dhuwite we tampanana!” Tono ngrewangi njupuk Rinso.
            “Ya, ya …, hya …,” Untung gurawalan nampa dhuwit saka Tiwi. Nalika mbukak kothak dhuwit, ora ana isine, “Wadhuh …! Susuke mboten wonten niku! Panjenengan dalemipun pundi?”
            Krungu Untung takon kaya mangkono, Tono cingak, “Wee, lha?”
            “Lhoh?” Tiwi melu cingak, “Oom?”
            “Mangke menawi ibu sampun kondur lan sampun wonten susuk, kula ….”
            “Kula tiyang mriki mawon, kok!” Tiwi menggak karo rada mrengut.
            Tono ngguyu karo nerangake, “Oalah, ta, Tung … Tung …. Karo ponakane dhewe, kok, ya …, ndadak basa mlipit … pa pangling karo Pratiwi?”
            Karo cengengesan ngampet guyu padha karo mringis semu mrenges marga kisinan, Untung ngeplaki pupune dhewe, “Pratiwi, ta, ki? Pangling aku. Biyen kae isih TK. Gek saiki ….”
            Wong telu ngguyu bareng. Karo isih ngguyu Untung kandha, “Takkira widadari saka ngendi. Wis gedhene semene, gek ….”
            “Gek ngapa?” Tono nggablok gegere Untung.
            “Anu …,” Untung wani blaka, “Arep tak jak kenalan. Cewek kece, kok, blusukan ndesa. We, lha, ragile Mas Di, ta, … Ya, ra sida. Pantes ket mau am-om, am-om. Karang pancen aku ki oome! Arep ngajak kenalan gadis ayu, kok, jebul ponakane dhewe!”
            “Pantes …,” aloke Tono, “Cilakanmu mbiyen diparapi Cumplung. Wah, apike gelarmu tak tambahi dadi Untung Si Cumplung Gumlundhung Njegur Kedhung Makblung!”
            Wong telu ngguyu bareng maneh.

                                                                                                            (Sepakung 07, Banyubiru)