Kamis, 21 Juli 2011

Cerita Wayang


PRABU JANAKA


            Prabu Janaka narendra ing Negara Mantili (sadurunge kuwi aran Manthila). Negarane subur, tandhane tanem tuwuh ndadi, uga tentrem ayem. Kajen keringan sesamining Ratu, awit sang Nata mahambeg berbudi bawaleksana, tansah anetepi pangandikan. Diceritakake yen Negara Mantili murah sandhang pangan. Kawula cilik paadha sregep nyambut gawe ana tegal sawah, ana kang mandhe lan undhagi, mula tan ana kang nganggur, pakaryane padhet dilakoni kanthi sregep lan manteb. Dene para Narapraja wiwit saka mantra Muka, mantra Bupati nganti tekan Wedana padha sengkul nggone ngayahi kuwajibane, ora jalaran pinarentah nanging wus mangerti marang wajibe dhewe-dhewe.
            Kacarita Sang Prabu kagungan putra sawiji kekasih Dewi Sinta. Endahing warnane tan prabeda lan widadari ing Kahyangan Kaindran, Dewi Supraba. Akeh para satriya lan para Narendra mudha kang  padha ngersakake bakal nggarwa Sang Dewi, nanging Sang Prabu Janaka isih durung bisa nampa panglamare para satriya lan Narendra mudha mau, jalaran Sang Dewi isih durung kersa nanggapi. Mula sawetara banjur kandheg panglamare.
            Kacarita ing alas Dhandhaka, padhepokane para pandhita lan para tapa lagi ana pasamuan. Padha ngalembana marang Rama, sajroning diminta sraya supaya ngayomi para tapa saka panyeranging yaksa Ngalengka lan wis kasil bisa mbrasta pinituwaning raseksa kang padha laku cidra. Para pangarsaning pandhita mau ngendika mangkene, “E, Ramabadra, kang banget gedhe nugrahane. Sawise mari sesaji lan muja semadi, kawistara yen sira kang gawe waluyaning para tapa ing wewengkon Dhandhaka. Amarga saka ananira, jagad iki prasasat suwarga, ora beda yen jagad iki tinunggon dening Bathara Sacipati (kakunge Dewi Saci iku Bathara Indra). Sira iku panjalmane Bathara Wisnu, Jawata kang banget sura sekti mandraguna.
            Biyen nalika sira manjanma kang luwih dhisik, Asura Bali sira sirnakake. Ksirarnawa ya Samodra Puhan sira ublak nganti metu Amertane, janggane Asurahu pedhot amarga sira tibani Cakra. Asuraja kang awujud Wraha (celeng) sira prajaya, bumi ambles sira unggahake. Samengko piyarsakana, aku nedya nyaritakake Prabu Janaka. Miturut warta kang dak rungu, Prabu Janaka Ratu ing Mantili nedya nganakake sayembara Dewi Sinta, putrane putri kang isih Kenya nedya dipalakramakake. Nanging ora sarana tinuku mas kawin rajabrana utawa kedhaton. Saupama Dewi Sinta kena tinuku nganggo rajabrana, sanajan diregani Trilokaraja, krajan ing jagad tetelu, ora larang kanggo nuku Sang Dewi. Kang dadi pelenging panggalihe mung kepengin winengku priya kinawasa, kang sura sekti mandraguna, luhur ing budi lan lepas pasang graitane, tur tedhaking ngawirya.

                                                            Ki Nayantaka, Panjebar Semangat … tahun 2006 kaca 55

Tidak ada komentar:

Posting Komentar