Rabu, 27 Juli 2011

Pamedhar Sabda


PAMEDHAR SABDA

Tujuan utawi Ancasipun Medhar Sabda
            Tujuan utawi ancasipun tiyang medhar menika adhakanipun anggadhahi pangajab 3 (tigang) prekawis, inggih menika :
1.      Paring (nyaosi) andharan saha pangertosan dhumateng tiyang sanes ingkang sami rawuh saha midhangetaken.
2.      Paring (nyaosi) andharan ingkang ngremenaken ingkang sami midhangetaken, jalaran basanipun katingal edi lan endah kanthi ngginakaken unggah-ungguh basa Jawi.
3.      Kangge miluta pemanggihipun tiyang sanes sasampunipun kersa midhangetaken, ingkang salajengipun kersa mituhu lan pitados kaliyan wosipun andharan ingkang kababar utawi kaaturaken.
4.      Paring (nyaosi) andharan utawi pangertosan dhumateng tiyang kanthi lelewaning basa ingkang sae, ngremenaken, saha sekeca dipunmidhangetaken, tuwin kepengin amiluta pemanggihipun tiyang sanes ingkang sami midhangetaken.

Patrap Salebetipun Medhar Sabda
1.      Sarira Ingkang Kirang Mranani (sikap)
Tiyang menawi nembe medhar sabda utawi pidhato, prayoginipun nilar sedaya patrap utawi lageyan ingkang mboten saee, inggih menika jumeneng kanthi :
a.         Lelembaran setunggal suku
b.         Suku sakelangkung rapet utawi mekar
c.         Loyo/mboten wonten semangat
d.        Kirang imbang utawi ndhoyong
e.         Lelendhehan papan wicara
f.          Kaku, kados priyantun badhe baris
g.         Mboten nggatosaken tamu
h.         Cepengan cagak mike
2.      Ewah-ewahan Pasuryan ingkang Kirang Mranani (ekspresi wajah)
a.         Gumujeng ingkang dipundamel-damel
b.         Asring mesem ingkang kadamel-damel, saengga katingal cengengesan
c.         Tansah mbesengut
d.        Tansah tumungkul utawi tumenga
e.         gugup
3.      Ewah-ewahaning Sarira ingkang Mboten Mranani (gerak isyarat)
a.         Asring mbanda tangan
b.         Asring kukur-kukur, ngukur talingan utawi bathuk, lan sanesipun
c.         Asring mirsani cathetan
d.        Asring nyekel mike, nyobi mike kanthi dipunsebul
e.         Asta wonten saalebetipun sak (clana, jas)
Supados para pamiyarsa anggenipun midhangetakeen wedharan saged remen, jenjem, kita kedah anggatosaken bab-bab ingkang sae, kadosta,
1.      Penggalih dipunsarehaken rumiyin, supados suwanten mboten kapireng ndhredheg.
2.      Menawi nandha pejah utawi gesangipun mike sampun ngantos dipunsebul, cekap mike dipuncepeng asta tengen sarta dipunkethuk alon.
3.      Ngagem basa ingkang alus, nanging mboten perlu ingkang muluk-muluk, supados gampil dipuntampi/dipunsuraos ingkang sami midhangetaken.
4.      Pangandikan mboten perlu muter-muter, ingkang cekak, nanging saged anyakup ingkang dipunkajengaken.
5.      Wiramanipun wicara ingkang cetha sarta kajumbuhaken kaliyan kawontenan.
6.      Tutuk sampun celak-celak sanget kaliyan mike (ngokop), mindhak nuwuhaken suwanten kumresek (gangsal nyari).
7.      Suwanten mboten perlu sora-sora, ingkang cekapan nanging wijang.

Cak-cakan Saha Sangunipun Medhar Sabda
            Medhar sabda menika padamelan kanthi kridhaning lesan, pramila caranipun kkedah migatosaken pangolahing swara amrih leres miwah laras, kedalipun, ucapan saha lagunipun. Pramila dipunudi supados saged sae boten wonten saru siku. Salebetipun medhar sabda menika  kedah kawawas saha kajumbuhaken kaliyan: (a) sinten ingkang medhar sabda, (b) sinten ingkang tumanggap, (c) sinten utawi menapa ingkang kawedhar, (d) kados pundit swasananipun (wekdal, papan, kawontenan), (e) menapa esthinipun medhar sabda.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar