Kamis, 21 Juli 2011

Cerkak


TIWIK ALIYAS PRATIWI

            Untung lagi wae mulih saka Malaysia. Wis sepuluh taun kepara luwih dheweke dadi TKI (Tenaga Kerja Indonesia) ing luar negeri. Ngadhepi bakda taun iki, untung diidini mudik dening pimpinan perusahaane. Untung mulih numpak Garuda.
            Saiki dheweke sregep banget, malik grembyang kaya-kaya aweh sasmita yen ngunduri tuwa. Ora kaya isih sekolah biyen, saiki saben esuk Untung nyapu latar. Sabena wan, Untung ora tau lali ngarit. Yen srengenge semburat kuning methukake magrib, dheweke gelem ngrewangi nunggu warunge ibune. Jaman nganggur biyen, saben dina Untung kandhang langit kemul mega, ora tau neng omah. Saiki, durung bedhug Isak dheweke wis ana ngomah.
            Nalika ibune, Untung jaga warung ijen. Dheweke prigel lan sumeh anggone ngladheni sing padha tuku. Kala-kala nyritakake pengalamane ana ing Malaysia.
            Wektu kuwi Untung lagi crita karo Tono, kancane SMP mbiyen.
            “Nuwun …,” aloke sawijining Kenya, “Oom, … tumbas Rinso!”
            Weruh Kenya kuwi, Untung dadi kaku kaya patung. Atine Untung keder. Batine ngambra-ambra Untung nyawang tanpa kedhep. Dheweke kesengsem banget. Nanging sing disawang ora rumangsa.
            “Kla nuwun …,” aloke Kenya mau maneh.
            Tono njawil pundhake Untung. Untung rada njenggirat, banjur mlebu warung. Saka njero warung Untung mbatin dhewe. Ana peragawati ing warunge. Jaan, ana putri, kok, ayune ora ilok. Busananne sopan ning modis. Dandan prasaja wae wis ketara ayune, waah … yen dandan ana ing salon kecantikan mengko saya …
            “Kula nuwun …,” Kenya iku celathu rada seru, “Oom, onten Rinso?”
            “Eh …,” Untung ora age-age mangsuli, isih kamitenggengen nyawang ana putri sing ayu rupane ana ing ngarep warunge.
            “Ingkang alit, nggih, Oom …!” Kenya mau nyambung omongan.
            “Oh …, nggih, nggih, … nggih …,” semaure Untung rada gragapan.
            “Nek boten onten, Soklin nggih purun,” guneme Kenya mau.
            Untung manthuk-manthuk. Ck, ck, ck …, batine Untung gumun ora jamak.
            “Onten, ta?” Kenya mau takon karo mesem.
            Untung saya keder atine weruh esem sing pait madu saka gadis ayu pisan. Untung ngranggeh tanpa nliiti sing dijupuk. Dheweke ora ngreti yen njupuk Blue Band 500 gram.
            “Tiwi? Kapan mulih, Wik?” Tono takon marang Kenya mau.
            “Lagi we, Mas. Arep  ngummbahi sik …,” Kenya mau semaur, “Ngiras arep adus sisan.”
            “We, lha, mahasiswi, kok, ngumbahi, ta? Kene, tkgarapake. Etungane manut Untung, “Tono nggleges nyedhaki Tiwi, “Pira Tung, ngumbahake klambi siji?”
            “Hm …? “Untung ora semaur. Tangane ngatungake Blue Band.
            “Tung? Ditakoni ket mau, kok, mung ah-eh, ah-eh we, ki, ngapa, ta?” Tono mlengak, “Ora semaur …, gek lehe ngedoli we …, ya, kliru!”
            “Eh? “Untung gragapan.
            “Oom, niku Blue Band. Kula tumbas Rinso mawon, “Tiwi mesem karo nudhing rak mburine Untung, “Nika, ta, Oom, … onten ngandhap!”
            “Anu, Dhik …, “Untung adhem panas, banjur kukur-kukur rambut, “Njenengan …?”
            “Wiiis …, gek jupukna Rinsone kuwi, Tung. Ndhak sing tuku gela,” celathune Tono.
            “Ampun …,” Untung semaur karo njupuk Soklin, “… bakul pocokan, kok, dipoyoki, ta, Ton.”
            “Kok, Soklin, ta Oom?” Tiwi mlengeh.
            Untung kaget, “Eh, kliru neh, ya?”
            “Kowe ki ngapa, ta, Tung?” Tono gumun nyawang Untung grogi.
            “Ning ra pa-pa dhing. Padha wae. Rinso ki ka tembung rin lan so, sangat cemerlang. …, Soklin seka so lan clean, sangat bersih,” Tiwi grenengan dhewe, “Mung ana siji loro sing duwe teges khusus, lha kok didoli Blie Band.”
            “Wis, kene, takjupukke! Dhuwite we tampanana!” Tono ngrewangi njupuk Rinso.
            “Ya, ya …, hya …,” Untung gurawalan nampa dhuwit saka Tiwi. Nalika mbukak kothak dhuwit, ora ana isine, “Wadhuh …! Susuke mboten wonten niku! Panjenengan dalemipun pundi?”
            Krungu Untung takon kaya mangkono, Tono cingak, “Wee, lha?”
            “Lhoh?” Tiwi melu cingak, “Oom?”
            “Mangke menawi ibu sampun kondur lan sampun wonten susuk, kula ….”
            “Kula tiyang mriki mawon, kok!” Tiwi menggak karo rada mrengut.
            Tono ngguyu karo nerangake, “Oalah, ta, Tung … Tung …. Karo ponakane dhewe, kok, ya …, ndadak basa mlipit … pa pangling karo Pratiwi?”
            Karo cengengesan ngampet guyu padha karo mringis semu mrenges marga kisinan, Untung ngeplaki pupune dhewe, “Pratiwi, ta, ki? Pangling aku. Biyen kae isih TK. Gek saiki ….”
            Wong telu ngguyu bareng. Karo isih ngguyu Untung kandha, “Takkira widadari saka ngendi. Wis gedhene semene, gek ….”
            “Gek ngapa?” Tono nggablok gegere Untung.
            “Anu …,” Untung wani blaka, “Arep tak jak kenalan. Cewek kece, kok, blusukan ndesa. We, lha, ragile Mas Di, ta, … Ya, ra sida. Pantes ket mau am-om, am-om. Karang pancen aku ki oome! Arep ngajak kenalan gadis ayu, kok, jebul ponakane dhewe!”
            “Pantes …,” aloke Tono, “Cilakanmu mbiyen diparapi Cumplung. Wah, apike gelarmu tak tambahi dadi Untung Si Cumplung Gumlundhung Njegur Kedhung Makblung!”
            Wong telu ngguyu bareng maneh.

                                                                                                            (Sepakung 07, Banyubiru)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar