Selasa, 19 Juli 2011

Crita Rakyat


SALATIGA
Dening: Ariesta Widya

            Nalika kuwi kabupaten Semarang di asta dening Ki Ageng Pandhanaran kang banget kesuwure. Awit anggone ngasta pamrentahan banget olehe menggalih bab bandha lan kasugihan. Saengga nglirwakake bab karohanen lan kajiwan kanggo sangu tembene yen wis mati.
            Ing sawijining dina dheweke ketemu Sunan Kalijaga. Ing kono rasa dhirine Ki  Ageng Pandhanaran ngrucat bab kadonyan lan tumuju dalan batiniah bab karohanen. Iku dumadi ing sawijining wektu tetemon kapisan. Nanging sadurunge tobat, Ki Ageng kober nantang Sunan Kalijaga.
            “Panjenengan Sunan Kalijaga. Punika sedaya kedah kanthi bukti. Kula badhe sumuyud lan setya dhateng penjenengan uger karsa paring pawujudan bandha-bandhu ingkang mboten kantenan kathahipun samenika ugi.”
            Tembunge Pandhanaran ngremehake kanthi rasa gumedhne awit rumangsa menang drajat. Kanthi pasuryan bening cumengkling Sunan Kalijaga mirsani praupane Ki Ageng Pandhanaran rinengga esem kabungahan.
            “Punapa sadaya pangandikan paduka saged kula ugemi?”
            Rumangsa ditantang Ki Ageng Pandhanaran gumuyu lakak-lakak.
            “wuah, inggih saestu ngaten. Kula punika rak satunggaling bupati, temtu mboten badhe cidra.”
            “Inggih, inggih menawi punika ingkang Ki Ageng kersakaken. Mbok bilih katingalipun manah saha pangraos penjenengan sampun kapikut bandha donya.”
            Ki Ageng mung gumuyu ngremehake miring pangandikane Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga meneng sing katone kaya lagi manunggalake penggalihe. Sawise iku netrane manther nyawang wit aren sing ana mburine Ki Ageng. Kanthi pasuryan kang lembut Sunan Kalijaga kawedhar pangandikane.
            “Mitra kula Ki Ageng Pandhanaran. Ing wingking penjenengan punika wonten aren ingkang wohipun kolang-kaling pating grandhul.”
            Nanging Ki Ageng isih ngatonake kumalungkunge. Ngadeg mbegagah gagah. Praupan katon sumirat. Sunan Kalijaga bali ngendika.
            “Penjenengan kula aturi mengo mirsani kolang-kaling kanthi premati.”
            Ki Ageng age-age noleh nyawang wit aren. Iba kagete nalika nyipati kolang-kaling sing pating grandhul iku sing maune rupa ijo saiki gumebyar sorote kaya cahya emas. Kanthi rasa gugup kecampuran wedi sarta isin, Pandhanaran ndhingkluk. Kala-kala nyawang pasuryane Sunan Kalijaga. Nanging Sunan Kalijaga mung mesem. Wusanane kanthi rasa wedi kawetu tembunge Pandhanaran.
            “Nyuwun pangapunten, Sunan. Saestu, saestu kula tiyang ingkang sumangkeyan.”
            “Inggih, inggih. Nanging sampun nyuwun pangapunten dhateng kula, nyuwuna dhateng Gusti Allah ingkang Mahakuwasa. Kula lan penjenengan punika rak umat ingkang kedah ngluhuraken Gusti Allah Sang Maha Agung. Bandha donya ingkang kita gadhahi punika naming barang siliha. Satunggaling wekdal kedah wangsul dhateng asal-usulipun. Pramila punika bandha, pangkat, derajad sampun ngantos dados kasombongan kangge badanipun piyambak.”
            Wiwit iku Ki Ageng dadi muride Sunan Kalijaga kang kawentar. Saengga kanthi lila legawa sakaliring pangkat derajad sing kawitan dadi bupati diuculi. Ki Ageng ngrucat sakaliring kadonyan netepi janjine sunan Kalijaga. Ing sawijining wektu Ki Ageng dalah sisihane bebarengan Sunan Kalijaga nedya ngumbara ing tlatah kidul. Sakehing tandha pangkat bupati wis ora nemplok ing blegere Pandhanaran. Kabeh wis dirucat. Mung siji sing ngganjel ati, yaiku garwane. Mula nalika arep budhal isih during lila nguculake rerenggan emas-emasan.
            “Nyai, nyai, ayo iki wis wektune mangkat.”
            “Mangke rumiyin sakedhap malih.”
            “Isih apa ta kok ribet?”
            “niki sekedhik malih, sekedhik malih.”
            “Wuah, wuah, nyai apa meneh?”
            Nyai Rimbawati isih ibut karo tekene sing kanggo nggawa apa-apa sing kinira perlu. Kanthi ora sabar Ki Ageng jumangkah mlaku. Nyi Rimbawati isih ibut karo barang-barange sing wujud emas lan inten.
            Lakune mecaki dalan mangidul. Dalan kang edhum pinayungan wit-witan kang ngrembuyung krasa kepenak kanggo mlaku. Banjur ing sawijining panggonan kang kesuwur kanthi panggodha werna-werna kepara tumeka tukang kecu sing nyegati wong-wong liwat. Ki Ageng kelingan lageyane Nyi Rimbawati sing utheg karo darbeke. Kang mangka wis diemutake dening Sunan Kalijaga. Iku sing njalari nganti Nyi Rimbawati mangkat dhewekan.
            Banjur kelingan nalika arep mangkat tembunge sajak owel.
            “Ngapa kok suwe temen ta, Nyi?” pitakone Ki Ageng.
            “Akh, niki mpun meh rampung!”
            “Apa meneh ta sing digawa? Iki lelungan sing oara mbutuhake kaperluwan barang kadonyan. Nggawa sak cukupe wae. Aja nggawa barang-barang sing gawe susah ing laku.”
            “Niki lho Ki, kula ajeng mbekta teken dienggo cagak teng margi nek kekeselen.”
            “Iya apik. Sauger aja nganti mung marga teken iku malah gawe susah awake dhewe. Tegese katone arep dadi pitulungan tembene malah dadi palang.”
            Nanging sabanjure mung disekarep atine Nyi Rimbawati.
***
            Kacarita Nyi Rimbawati cepetan nututi lakune Ki Ageng kanthi kesusu. Sanadyan rumangsane anggone mlaku wis cepet banget ning mung krasa alon. Sumiliring rinasa panas jumepret kaya ngentup awak. Isih ketambahan ana rasa tab-taban ing dhadha. Banjur nalika tumeka panggonan kang rata dheweke mandheg. Apa maneh panggonan iku kiyuban godhonge kang ngrembuyung. Ing awak krasa kepenak mripat liyer-liyer.
            Suwe-suwe ing panggonan iku dheweke keturon. Nanging dadakan ana suwara njengek. Banjur dadakan wae teken sing sumendhe ing wit dijupuk cepetan. Kaya dene patrape prajurit, Rimbawati ngadeg jejeg karo tangane nyekel teken. Ora suwe keprungu suwara banter ning rada serak.
            “Eh, eh, wong wedok wis tuwa ning isih ketok ayune.”
            Suwara serak iku metu saka grumbulan kinira bakal gawe leganing ati. Nanging jebul iku mau suwarane wong lanang telu metu saka saka grumbulan kanthi praupan kang medeni. Rambute awut-awutan tinalenan sarwa ireng. Banjur klambi kombor gumrenyah. Sabuk sing mlungkeri bangkekane kaya mung dianggo pantes-pantes. Sikile nganggo trompah sing katon kaya ora nate dikumbah.
            “Heh, heh, wong wong ayu. Pasrahna raja branamu kuwi kareben entheng nggawamu.”
            “E, e, enak temen. Aku iki dudu wong sugih, lunga ora nggawa raja brana. Kowe ngerti apa sing dak gawa?”
            Nanging katone garong-garong iku nduweni pangira liya. Kanthi cukat sawise nyawang tekene Nyi Rimbawati sing saka pring ampel rinebut kanthi peksa. Nyi Rimbawati nyoba ngukuhi nanging tetep kalah. Saengga teken iku ucul terus dicandhak diantemake ing wit panggonane Nyi Rimbawati. Enggalan terus ngumpulake barang-barang sing gumebyar. Wektu iku kanggone Nyi Rimbawati dienggo nylametake awak. Pring sing sigar dijupuk dianggo teken nutugake laku. Kanthi awak sing kesel wusanane bisa nututi, nyusul Ki Ageng lan Sunan Kalijaga.
            “Ki  Ageng, Ki Ageng, Ki Ageng!”
            Pambengoke Nyi Rimbawati nututi laku kanthi gentoyongan. Suwarane pedhot-pedhot lan ngos-ngosan. Nanging jroning ati kabungahan. Saiki wis ana sing bakal ngrengkuh mbelani yen ana apa-apa.
            “Njeng Sunan, kula nyuwun pangapunten kanca setri Nyi Rimbawati nyusul,” kandhane Pandhanaran.
            “Inggih, inggih, piyambakipun nyusul. Eh, ketingale wonten pambengan ing margi.”
            “Leres pangandikanipun, Sunan. Nyi Rimbawati manggihi pepalang wonten margi.”
            Nyi Rimbawati mlaku setengah mlayu karo isih nyekeli pring ampel minangka teken. Kanthi tembung pedhot-pedhot dheweke nyritakake lelakon sing ditemahi ing tengah dalan dibegal wong lanang telu. Dadakan wae penjenengane Sunan Kalijaga paring pangandikan.
            “Awit begal-begal iku ngawruhi emas inten ing jero teken iku. Mula iya banjur direbut.”
            “Wis wiwit kawitan aku rak kandha ora susah nggawa apa-apa. Nggawa barang kadonyan sing tundhone dadi pepalang.”
            Nyi Rimbawati ndhingkluk isin. Awit gagasane bisa dipirsani lan diwaos dening Sunan Kalijaga.
            “Sapunika ngaten. Kula dinten punika manggihi lelampahan dening begal tetiga, ingkang paring piwucal dhateng Nyi Rimbawati ingkang boten setya. Nanging ugi kalepatanipun Ki Ageng, Nyi Ageng saha begal tetiga. Awit saking punika benjang menawi dumugining wanci tlatah punika dados panggenan ingkang tentrem saha subur ingkang tinandur mugi dadosa panggenan nama Salatiga – kapendhet saking tembung sing salah telu.
            Wong telu nerusake laku. Nanging Nyi Rimbawati katon anggone mlaku ora bisa cepet awit tangane isih nyekel teken pring ampel.
            “Nyi, anggonmu lumaku kok kaya mandheg mangu apa awit pring ampel iku, iya? Apa isih kepengin ndarbeki isine kang ilang? Yen pancen angen-angenmu isih ana kono iya tinggalen wae. Tancepna ing kono. Minangka pratandha besuk kalamun panggonan iki dadi padesan kang subur makmur tinengeran wae dadi – Ampel.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar