Gugon Tuhon
Gugon = sipat utawa wewatakan sing gampang banget nggugu marang guneme wong utawa dedongengan.
Tuhon = sifat utawa wewatakan sing gampang mituhu manut marang guneme wong utawa dedongengan. Dai gugon tuhon iku watak kang gampang banget nggugu lan manut guneme wong utawa dedongengan sing maune ora perlu digugu amarga ora ana bukti nyatane.
Mung bae ature Pak Cipto Adi pinangka pangimpun cathethan iki, nyumanggakaken marang para siswa. “Pracaya mangga maido kena”. Manut wong-wong sing nggugu marang gugon tuhon mratelakake yen ora nggugu marang gugon tuhon bakal nemu bebendu utawa sesiku, kayata:
a. Dadi memangsane Bathara Kala.
b. Bisa sangsara panguripane.
c. Bisa anake entek mati.
d. Bisa ora kedawa umure.
Kanggo nebus kaluputane kudu disranani nanggap wayang lakon “Murwa Kala”, slametan kanggo ngilangi bebendu iku diarani “Mruwat”. Dene sing klebu gugon tuhon ana warna loro, yaiku:
A. Wasita Sinandhi
B. Bocah Sukerta
Katerangan:
A. Wasita Sinandhi
Wasita Sinandhi tegese pitutur kang sinamun ora dilahirake kanthi satemene. Padatan liyane gugon tuhon kang awujud Wasita Sinandhi iki diarani “Aradan”, lumrahe malah dikantheni tembung “ora ilok” kang satemene “ora becik”.
Tuladha:
1. Gawe omah tanpa tutup keyong.
2. Wong nugelake gandhik, lan nggempalake pipisan.
3. Ngrubuhake dandang.
4. Omah sing lawange lan butulane terusan.
5. Seneng kudhung kukusan.
6. Mangan lungguh pipen lawang.
7. Mbuwang tuma.
8. Ngandhut lungguh tampah.
9. Sumur ing ngajengan.
10. Seneng lungguh ing bantal.
11. Wong mangan karo turon.
12. Ngidoni genthong utawa sumur.
13. Menehi dijaluk bali, mundhak bali gondhok.
14. Nguyuh karo ngadeg, apa maneh wanita.
15. Wanita lungguh jegang.
B. Bocah Sukerta
Kang diarani Bocah Sukerta yaiku bocah kang manut kapercayan, bisane slamet lan urip kudu diruwat, lan ditanggapake wayang lakon Murwakala. Bocah Sukerta iku lamun wis diruwat wis ora klebu memangsane Bathara Kala, satemah bisa lestari uripe.
Bocah utawa anak sing klebu sukerta:
1. Bocah ontang-anting = Bocah lanang siji tanpa tunggal.
2. Bocah unting-unting = Bocah wadon siji tanpa tunggal.
3. Bocah uger-uger lawang = Bocah lanang loro kakang adhi.
4. Bocah kembang sepasang = Bocah wadon loro kakang adhi.
5. Bocah cukil dulit = Bocah wadon telu kakang adhi.
6. Bocah gotong mayit = Bocah lanang telu kakang adhi.
7. Bocah saka panggung = Bocah lanang papat kakang adhi.
8. Bocah sarimpi = Bocah wadon papat kakang adhi.
9. Bocah pandhawa = Bocah lanang lima kakang adhi.
10. Bocah panca gati = Bocah wadon lima kakang adhi.
11. Bocah kendhana kendhini = Bocah loro lanang wadon kakang adhi.
12. Bocah sendhang kapit pancuran = Bocah telu lanang, wadon, lanang, kakang adhi.
13. Bocah pancuran kapit sendhang = Bocah telu lanange ana tengah, kakang adhi.
14. Bocah kembar = Bocah kang lahir bareng.
15. Bocah gondhang kasih = Bocah kembar ireng lan bule/pakulitane beda.
16. Bocah dhampit = Bocah kembar lanang wadon.
17. Bocah kerandha = Bocah kembar nunggal bungkus.
18. Bocah bungkus = Bocah lahir sabungkuse.
19. Bocah tawang gantungan = Bocah kembar lahire ganti dina.
20. Bocah ipil-ipil = Bocah lima, siji wadon papat lanang.
21. Bocah pondangan = Bocah lima, siji lanang papat wadon.
22. Bocah margana = Bocah lahir ing tengah dalan.
23. Bocah jempina = Bocah lahir durung ganep sasine.
24. Bocah gilir kacang = Bocah lahit urut lanang lan wadon.
25. Bocah julung caplok = Bocah lahir bareng surup surya.
26. Bocah julung kembang = Bocah lahir bareng pletheking surya.
27. Bocah julung sungsang = Bocah lahir beneri tengah awan.
28. Bocah sumala = Bocah cacat wiwit lahir.
29. Bocah wahana = Bocah lahir bareng ana keramean.
30. Bocah wuyungan = Bocah lahir bareng kesripahan.